secangkir kopi

SING BAGUS ATINE

SAPA KANG CEMBURUH IKU NEMU PAKEWUH
Satriya lan wanita utama iku kudu percaya marang Hyang Sukma, rumangspa yen kawula, marga sapa kang samar utawa was iku bakal tiwas.
Iku ana paribasane : ora-ora diarani, suwe-suwe tak lakoni, yen manungsa rumangsa duwe Gusti, iku kudu bagus ati, dadi yen ana tindak kang nasar ati, iku kudu dianti trima keri, ora orane yen bakal lara ati, iku biasane akeh-akeh oleh ganti kang merak ati, iku akeh kang wus bukti.
Dene yen sira nglunja-lunja kurang narima, tansah nuruti angkara murka iku bakal ketula-tula, sangsara kang den arani kesiku dendaning angkara, saya tuwa sangsaya sangsara, malah ora duwe begja, sapa kang bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti, sapa kang ngumbar angkara, iku cadangane sangsara. Mula sakabehing buku, Kitab, Kur’an, Injil, Wedha, iku ngemot piwulang becik lan utama.
Senadiyan kita apal buku utawa Kur’an nanging ora digugu pituture dawuh-dawuhe kang becik diarai kapir tegese nyebal saka penggawe becik sapa kang nyebal saka penggawe becik  sapa kang nyebal saka penggawe kebagusan iku bakal apes jajane, asor asmane surem cahyane wirang tembe burine, apa iku subur uripe!!!!
Mula iku yen kita ngaku manungsa, kudu duwe agama, bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti. Ora samar yen diala-ala ing liyan, lan ora ngarep-arep pawehing liyan, sebab kita yen ngaku umat, satriya iku kudu adil, kudu jakat (paweh) marang sapa bae kang lagi susah yen kita isih gagah kanti ora cacat aja pisan-pisan ngarep-arep dijakati (wenehi) pilih endi bisa paweh lan diwenehi dene kang tampa paweh iku ing batin rumangsa tanpa kanugrahan lan kebagusan.
Mula iku wajib percaya marang awake dewe kang bagus ati, ora was sumelang, ing batin ora rungsang-rungsang.

ngopi yuuk..!

Senin, 13 Desember 2010

ASIRLI


SAPA KANG MOKAL IKU BISA KEPOAL
Desember 18, 2009 5:24 pm
Dek jaman embah buyut kita biyen ngolah sawah sakbagean bisa metu panen 8 sangga, saiki bareng diolah putra wayahe mung bisa panen 5 utawa 6 sangga, kang mangka wis ditata miturut jaman saiki iku wis luwih utama, nanging bangsa kita akeh-akeh sok mokal, ninggal wewalering wong kolot, dudu jaman maju (modern), saiki kena dirasakake, kang ninggal pituture wong kuna Budha, mbanjur nganggo pituture bangsa seje, iku kena dirasakake kasile, kang mangka saya akeh pamanggane, gek kepiye buyut kita ing tembe, yen bangsa kita pada lali mula bukane kuna-kunane, dene saiki bangsa kita dadi rebutan, kebatinane arep dirobah-robah supaya ndepani marang seje praja, mbanjur ngala-ala marang tanahe dewe, kang ing jaman kuna wis kuncara, tumeka ing manca praja.
Kena diparibasakake, duwe omah dewe kang apik disepirakake dipilalah mondok-mondok nenunut omahe kancane, iku sayekti ilang pengajine, (mung marga kurang pemiarane) ana pengandikane wong kuna mengkene :
1.“Satriya ilang tejane” jalaran maju 10 langkah, nanging ninggal kabudayaan, andadekake peteng ndedet panggalihe.
2.  “Kali ilang kedunge” jalaran yen duwe duwit, kesusu kanggo obral-obralan kang ora maedahi, dadi kesugihane ora bisa mandeg utawa ngedung, wusana banjur pada bingung saya suwe saya ngelayung, malah lali Bapa Biyung ora ngimani  emben burine.
3.  “Wong tani ilang kaberkatane” margo ninggal pituturing kaki, mbanjur ora dianggep ing Ibu pertiwi, yen panen ora kanggo rong sasi, Biyung Tani ngrasa rugi.
4.  “Pasar ilang kumandange” jalaran para sudagar wis kentekan pokok (modal) dadi ora kuncara kaya jaman kuna jalaran kesiku marang kang mbau reksa, ngumbara kurang weweka ajak bangsa dadi wong manca, iku dek jaman kuna, sudagar Jawa kumandang (kuncara manca praja) mula iku aja pada digagas lan dirasa-rasa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar