secangkir kopi

SING BAGUS ATINE

SAPA KANG CEMBURUH IKU NEMU PAKEWUH
Satriya lan wanita utama iku kudu percaya marang Hyang Sukma, rumangspa yen kawula, marga sapa kang samar utawa was iku bakal tiwas.
Iku ana paribasane : ora-ora diarani, suwe-suwe tak lakoni, yen manungsa rumangsa duwe Gusti, iku kudu bagus ati, dadi yen ana tindak kang nasar ati, iku kudu dianti trima keri, ora orane yen bakal lara ati, iku biasane akeh-akeh oleh ganti kang merak ati, iku akeh kang wus bukti.
Dene yen sira nglunja-lunja kurang narima, tansah nuruti angkara murka iku bakal ketula-tula, sangsara kang den arani kesiku dendaning angkara, saya tuwa sangsaya sangsara, malah ora duwe begja, sapa kang bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti, sapa kang ngumbar angkara, iku cadangane sangsara. Mula sakabehing buku, Kitab, Kur’an, Injil, Wedha, iku ngemot piwulang becik lan utama.
Senadiyan kita apal buku utawa Kur’an nanging ora digugu pituture dawuh-dawuhe kang becik diarai kapir tegese nyebal saka penggawe becik sapa kang nyebal saka penggawe becik  sapa kang nyebal saka penggawe kebagusan iku bakal apes jajane, asor asmane surem cahyane wirang tembe burine, apa iku subur uripe!!!!
Mula iku yen kita ngaku manungsa, kudu duwe agama, bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti. Ora samar yen diala-ala ing liyan, lan ora ngarep-arep pawehing liyan, sebab kita yen ngaku umat, satriya iku kudu adil, kudu jakat (paweh) marang sapa bae kang lagi susah yen kita isih gagah kanti ora cacat aja pisan-pisan ngarep-arep dijakati (wenehi) pilih endi bisa paweh lan diwenehi dene kang tampa paweh iku ing batin rumangsa tanpa kanugrahan lan kebagusan.
Mula iku wajib percaya marang awake dewe kang bagus ati, ora was sumelang, ing batin ora rungsang-rungsang.

ngopi yuuk..!

Senin, 13 Desember 2010

Mbah SAMAT


PEPADHANGE URIP
Oleh Mas Kumitir
Pepadang sing bisa digayuh kalawan laku kaya sing wis kaceta ing duwur iku prasasat ngungkuli padange srengenge. Srengenge mono padange mung kena dirasakake lan disipati dening kalairan (pandulu, badan sakojur) nanging padang sing ditemu sarana laku iku padanging roh, ya sing diarani nurcahya (Nur=cahya, cahya=caya, dadi cahyane cahya = roh ilapi) sing daya panguwasane ngngluwihi kadi padhange srengenge.
Tegese : pepadang sing kaya mangkono mau sing ceta bisa jalari tindak utama ing madyaning bebrayan lire jagad gede kawaratan, bisa nanduki marang sarira pribadi (jagad cilik)karana bisa meqar dadi amal suci. Atine padang ora kasrimpet ing pamotahing napsu kadagingan, kalis saka saka goda rencana kadonyan sing ajak-ajak rusak, ya rusake raga, ya rusake jiwa. Iki kabeh mau kudu ditindakake kalawan tanpa kendat ing salawase urip.
Mung emane dene sing kaya mengkono iku arang banget kang bisa nglakoni, keh-kehane banjur kandeg ing tengah dalan, ing sakawit kaya iya-iyaa, nanging toging ngendon bareng mrangguli gampange banjur ngusira, murtad saka gegebangane kang sejati. Kang mangka kabeh mau kudu ditindakake ing salawase urip lan kudu diemuti yen iku mau kabeh mung mujudake sawijining prajanji sing kawetu lan kalakone mung sapisan. Ana dene sing jalari angele iku mau, jalaran sing akeh ora bisa nyandak marang susurupan ing bab legining madu.
Ora idep ing lungguhi si legi lan lingguhe si madu sarta manunggale sakaro-karone. Endi sing diarani “Dzat” madu lan endi sing ngeker sipat manise, ora bisa digraitani. Iki dasare mung prasemon tumrap marang sasira pribadi, sing ateges ora ngidepi marang jejering Kawula lan Gusti sarta manunggale sing kabeh mau prasemone Gaibing Hyang Widi, dadi sok mangkonoa uga ateges ora bisa nyumurupi ing Pangerane. Kang mangka dudununge senajan ora karuwan golek-golekane yen ditumemeni tinemu ana awake dewe.
Ana unen-unen…” adoh tanpa wangenan, cedak tanpa senggolan ” iku maknane ora bedo karo keplase madu lan legine iku mau. Gemblenge mujudake kahanan sing aninang, sing ora ana prabedane karana manunggal dadi siji.
Kanggo nyumurupi dununge sipat legi lan dzat madu sarta ndamangi marang manunggale, ya sing ateges meruhi marang manunggale Kawula lan Gusti utawa marang Pangerane, iku temene wis pada cumepak prabote, tur genep pisan, yaiku tinemu ana ing sarira pribadi, ana ing awake dewe. Nanging ing sarehne kurang bisa migunakake carane anggone ngudi banjur sok ora genep, ninggal salah sijining srana saka uger-uger panggilu dane ngelmu (sarengat, tarekat, hakekat lan makrifate). Utawa isish kerem marang ubaling napsu kadagingan, duwe pamrih rupa-rupa sing tumanjane mung marang urip kalairan.
Kajaba iku, keh-kehane pambudine sok sembrono ora ngendahake marang wewalering ngelmune nyepelekake karana ngrumangsani yen wis bisa nyakup marang surasane kabeh, wiwit saka “Ha” nganti tekan “NGA” utawa marga saka anggone kurang bisa ngendaleni hawa napsune, banjur ora bisa ngetut utawa nyusetyani marang sakehing wewaler kang mestine kudu diturut. Lekas ing kaya mengkono mau mbebayani tumrap marang awake dewe lan samangsa kudu ngadepi kukuting jiwangga, asring isih kagubet dening pakartining napsu kadagingan lan kagoda dening pakareman-pakareman kang di alami dek rekalane isih meger-meger urip waras-wiris. Jer sakabehing tindak kang dilakoni nalikane isih jejer dadi manungsa iku, luwih-luwih sing ana gegayutane karo ubaling angkara murka, isih tumabet ana ing jiwa kang angel ilang-ilangane. Awit saka iku sing akeh-akeh patine banjur sasar susur ora bisa sampurna utawa ora bisa entuk dalan kang padang lan gampang.
Anggane ngudi saya ngangsa-ngangsa kayungyune marang pamrih sing maneka warna lan asipat kadagingan mau. Ana dene sing dianggo nutupi mung estine marang tindak madya lan utama. Dadi apa sing katindakake mau salugune cengkah karo kekerane ngelmune kang sejati, ateges uga tumindake cidra ing atase nggilud pangelmon, bebasane jabo putih jero kuning (palsu). Upamane banjur madeg dadi dukun kang ngalap opahan, netepake mejani lan patukon lsp, kang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar