secangkir kopi

SING BAGUS ATINE

SAPA KANG CEMBURUH IKU NEMU PAKEWUH
Satriya lan wanita utama iku kudu percaya marang Hyang Sukma, rumangspa yen kawula, marga sapa kang samar utawa was iku bakal tiwas.
Iku ana paribasane : ora-ora diarani, suwe-suwe tak lakoni, yen manungsa rumangsa duwe Gusti, iku kudu bagus ati, dadi yen ana tindak kang nasar ati, iku kudu dianti trima keri, ora orane yen bakal lara ati, iku biasane akeh-akeh oleh ganti kang merak ati, iku akeh kang wus bukti.
Dene yen sira nglunja-lunja kurang narima, tansah nuruti angkara murka iku bakal ketula-tula, sangsara kang den arani kesiku dendaning angkara, saya tuwa sangsaya sangsara, malah ora duwe begja, sapa kang bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti, sapa kang ngumbar angkara, iku cadangane sangsara. Mula sakabehing buku, Kitab, Kur’an, Injil, Wedha, iku ngemot piwulang becik lan utama.
Senadiyan kita apal buku utawa Kur’an nanging ora digugu pituture dawuh-dawuhe kang becik diarai kapir tegese nyebal saka penggawe becik sapa kang nyebal saka penggawe becik  sapa kang nyebal saka penggawe kebagusan iku bakal apes jajane, asor asmane surem cahyane wirang tembe burine, apa iku subur uripe!!!!
Mula iku yen kita ngaku manungsa, kudu duwe agama, bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti. Ora samar yen diala-ala ing liyan, lan ora ngarep-arep pawehing liyan, sebab kita yen ngaku umat, satriya iku kudu adil, kudu jakat (paweh) marang sapa bae kang lagi susah yen kita isih gagah kanti ora cacat aja pisan-pisan ngarep-arep dijakati (wenehi) pilih endi bisa paweh lan diwenehi dene kang tampa paweh iku ing batin rumangsa tanpa kanugrahan lan kebagusan.
Mula iku wajib percaya marang awake dewe kang bagus ati, ora was sumelang, ing batin ora rungsang-rungsang.

ngopi yuuk..!

Senin, 13 Desember 2010

Mbah PATIMAH


OMAN LOMAN AMAN
Desember 2, 2009 3:29 pm
DESA PARIKESIT “OMAN LOMAN AMAN”
Tegese sing sapa wis bisa antuk kanugrahan, kamulyan, nanging aja ninggal oman, lan kasregepan, kanggo nyukupi sarat-sarat tumrap marang kadonyan, kanggo nyukupi kabutuhan hariyan supaya bisa cukup, nanging kanggo keadilan netepi dawuhing Gusti tumrap bebrayan kamanungsan, iku tumrap ing kelahiran.
Dene tumrape kebatinan, yen lali den elingake, yen kita ora mung siji, kudu eling marang Kang paring Gesang, marga urip iku ana kang nguripi. Prasemon pari iku ana 9 las, kiwa lan tengene, kena diarani Jawane sak njabane wangen lan sak jroning wangen, kang momongi kita iki. Dene lakune  junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w.
Sakabate 4 : Abu Bakar, Umar, Usman, Ali, kalima Kanjeng Nabi.
Malaekate 4 : Jibril, Mikail, Isrofil, Idjroil, kalima Kanjeng Nabi.
Iki yen cara Jawane kang diarani, eling marang kang momongi, iku bakal diemong keslametane, yen Jawane :
Kadang 4 : Luamah, Amarah, Sofiyah, Mutmainah kalima pancere.
Kadang sinarawedi 4 : Mar Marti, Kakang Kawah, Adi Ari-ari, getih Puser kalima pancere.
Yen cara Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w. iku ing saben arep kersa apa bae tansah pamit marang Kadang Jibril sak piturute. Semono uga kita kudu anut-anut, dene carane kaya ngisor iku :
Mar Marti, kakang Kawah, adi Ari-ari, getih Puser kadangku 4 kalima pancer, aku golek sandang pangan, hayo rewang-rewangana, marga gampang iku yen arep kajat apa bae kudu disambat, dene yen kita turu, jaganen lan reksanen, yen ana sengkala rubeda sira gugaha, lan tangekna ing jam 5 esuk, nanging yen ngililir tumuli gregah tangiya, yen sira mangan iku pintanen, kira-kira seprapat sendok, lagi wiwit mangan 3 sendok aja dilawuhi (sega tok bae) awak mangan aku ora.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar