secangkir kopi

SING BAGUS ATINE

SAPA KANG CEMBURUH IKU NEMU PAKEWUH
Satriya lan wanita utama iku kudu percaya marang Hyang Sukma, rumangspa yen kawula, marga sapa kang samar utawa was iku bakal tiwas.
Iku ana paribasane : ora-ora diarani, suwe-suwe tak lakoni, yen manungsa rumangsa duwe Gusti, iku kudu bagus ati, dadi yen ana tindak kang nasar ati, iku kudu dianti trima keri, ora orane yen bakal lara ati, iku biasane akeh-akeh oleh ganti kang merak ati, iku akeh kang wus bukti.
Dene yen sira nglunja-lunja kurang narima, tansah nuruti angkara murka iku bakal ketula-tula, sangsara kang den arani kesiku dendaning angkara, saya tuwa sangsaya sangsara, malah ora duwe begja, sapa kang bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti, sapa kang ngumbar angkara, iku cadangane sangsara. Mula sakabehing buku, Kitab, Kur’an, Injil, Wedha, iku ngemot piwulang becik lan utama.
Senadiyan kita apal buku utawa Kur’an nanging ora digugu pituture dawuh-dawuhe kang becik diarai kapir tegese nyebal saka penggawe becik sapa kang nyebal saka penggawe becik  sapa kang nyebal saka penggawe kebagusan iku bakal apes jajane, asor asmane surem cahyane wirang tembe burine, apa iku subur uripe!!!!
Mula iku yen kita ngaku manungsa, kudu duwe agama, bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti. Ora samar yen diala-ala ing liyan, lan ora ngarep-arep pawehing liyan, sebab kita yen ngaku umat, satriya iku kudu adil, kudu jakat (paweh) marang sapa bae kang lagi susah yen kita isih gagah kanti ora cacat aja pisan-pisan ngarep-arep dijakati (wenehi) pilih endi bisa paweh lan diwenehi dene kang tampa paweh iku ing batin rumangsa tanpa kanugrahan lan kebagusan.
Mula iku wajib percaya marang awake dewe kang bagus ati, ora was sumelang, ing batin ora rungsang-rungsang.

ngopi yuuk..!

Senin, 13 Desember 2010

SAIPUL


AJA KAYA CACING
Desember 4, 2009 3:55 pm
DESA PATAK BANTENG
“Aja Piyayang-piyiying Kaya Cacing”
Pralambang bangsa Indonesia, kang wis dilarah-larahake dening pejajah, warna lapisan kaya kang kasebut ing duwur iki perjuangan kita awit kuna-makuna, kayata wiwit perjuangan She Siti Jenar dilebur, lah Raden Unrung dilebur, lair maneh Sarekat Islam dilebur, lair Sarekat Rakyat dilebur, lair maneh Budi Utama dilebur lair maneh P.N.I Banteng dilebur, lair maneh Parindra dilebur, dadi sepi nyeyet, data nana sabawane walang kumrisik, marga kaoncatan Jimat kalimasada, lan Kaki Sabdopalon, tan kocapa kaya rawuhira Kaki Sabdopalon lan Jimat Kalimasada, kaya dene suwarane gunung njeblug “Gleger”.
Bangsa Indonesia pada milih dadi Patak Banteng, Embah Patak Banteng, Eyang dadi Patak banteng, anak dadi Patak banteng !
Sega jagung dadi Banteng, tela mentah dadi banteng wong Tani dadi Banteng !
Kyai dadi Banteng ! Santri dadi Banteng ! Pandita dadi Banteng ! Cantrik dadi Banteng ! Sak Indonesia Pemuda watak “Banteng”.
Gatuk karo ngendikane Ir. Soekarno rikala arep mangkat dikunjara dening Abu Lahab (penjahat) ana ing guwa Bawana. Ir. Soekarno cancut tali wanda, njejak Bantala sesumbar bakal ngetokake aji Panca Sona Bala Sayuta, mangkene pangandikane : “Yen Soekarno mati siji, lair 10 Soekarno, 10 mati, lair 100 Soekarno, 100 mati, lair 1000 Soekarno, 1000 mati, lair 10.000 Soekarno”. Sak Indonesia dadi Soekarno kabeh, iku bisa klakon. Bupati dadi Soekarno, Polisi dadi Soekarno, P.I.D dadi Soekarno, Saradadu dadi Soekarno, Sudagar dadi Soekarno, musuh lebur dadi Soekarno, wong Tani dadi Soekarno, pengarang We Yoga Dhi kongsi saiki dadi Soekarno. Hayo ! Sapa kang lali den elingake ! Aja dolan adoh-adoh, baliya ! baliya ! dadi Soekarno. Hayo Jimate pada diasta, Kalima Sabda ya Pancasila.
Sing sapa ora gelem dadi Ir. Soekarno sayekti bakal kasiku ing tanah wutah getihe kang dipanggoni, iki kena diarani Kapir, tegese kabronjong ing kapialan, pungkasan kewirangan ora gelem ngrungkebi tanah wutah getihe, satah (sutik) ngaku Jawa kang aran Jawata. Iku tumrap kanggo kelahiran. Dene bab kebatinan , sapa wong kang bisa : 1. Nggaru ala lan becik, 2. Yen ana rejane jupuken sarine, 3. Iku ing tembe bisa sejajar tegese manunggal kawula lan Gusti, iku ya Rasulullah ya rasa tepa Slira, 4. Iku bisa Sakti tur Aeng (aneh), 5. Iku bisa Suren Gede = ringin agung, ya mesti dadi pengayoman ing putra wayah, 6. Iku bisa kongsi Lobang tegese lobang katurutan sak sedyane, 7. Iku dimurahi ing pari rejeki apa kang tinandur bisa makmur, marga eling ing “Sahabat Kalima”.
Kesit (sregep) lima cacahe iku bisa arum awangi angambar-ambar kaya dene kembang, sakabehe para Dewa pada wedi tur asih, aja maneh para titah. Yen cara Sarengat iku lagi tekan seperempat ADIL.
S. iku yen sinawang kaya dene Banteng, njenggereng, nanging ora medeni, sapa kang weruh sajak wedi, yaiku watake manungsa, kang bisa oman, iman, loman kautaman, bisa oman ing jaman aman, ayo pada titen-titenan, totohane awet-awetan. Mula iku kang kongsi TERUS, anggone tumindak kabagusan, watake wong kang iman iku supaya teguh kaya dene Banteng, emoh goroh emoh ngapusi, emoh ngrebut kursi adol aksi, watake wong iman iku mung Gusti kang kaesti, senadyan tumeka pati. Mula iku yen pancen temen-temen pada ngaku kawulane Gusti, aya pada sesuci ana ing pancuran kang aran Bima Lukar, tegese : Lukar = wuda, Bimo tegese buntel. Lukarana samudayane tumrap kamurkan kadonyan, yen Arabe Tachalul tegese cukur tumrap kadonyan, kanggo keadilan tepa-slira, ora kena ngarep-arep pawehing liyan, iku yen bisa nglakoni Bagus ati, iku sayekti dadi Sirah Hayu, tegese wis pangawak Puji keslametan, sakehing kali-kali pada awot teluk dadi Sirayu, semono uga sira bakal dadi “Sirah Hayu” (slamet).
ngGer putuku rungokna tegese “Bina Lukar” iku kebatinan. Bima tegese bungkus. Mangertiya yen sira iku tansah peteng iku, sejatine mung kabronjong (kabuntel) ing warna-warna lapisan bunten, yaiku : Bumi, Geni Banyu, Angin Srengenge lintang, rembulan, kang kinodrat nguripi ing badanira, mangkene wijang-wijangane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar