secangkir kopi

SING BAGUS ATINE

SAPA KANG CEMBURUH IKU NEMU PAKEWUH
Satriya lan wanita utama iku kudu percaya marang Hyang Sukma, rumangspa yen kawula, marga sapa kang samar utawa was iku bakal tiwas.
Iku ana paribasane : ora-ora diarani, suwe-suwe tak lakoni, yen manungsa rumangsa duwe Gusti, iku kudu bagus ati, dadi yen ana tindak kang nasar ati, iku kudu dianti trima keri, ora orane yen bakal lara ati, iku biasane akeh-akeh oleh ganti kang merak ati, iku akeh kang wus bukti.
Dene yen sira nglunja-lunja kurang narima, tansah nuruti angkara murka iku bakal ketula-tula, sangsara kang den arani kesiku dendaning angkara, saya tuwa sangsaya sangsara, malah ora duwe begja, sapa kang bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti, sapa kang ngumbar angkara, iku cadangane sangsara. Mula sakabehing buku, Kitab, Kur’an, Injil, Wedha, iku ngemot piwulang becik lan utama.
Senadiyan kita apal buku utawa Kur’an nanging ora digugu pituture dawuh-dawuhe kang becik diarai kapir tegese nyebal saka penggawe becik sapa kang nyebal saka penggawe becik  sapa kang nyebal saka penggawe kebagusan iku bakal apes jajane, asor asmane surem cahyane wirang tembe burine, apa iku subur uripe!!!!
Mula iku yen kita ngaku manungsa, kudu duwe agama, bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti. Ora samar yen diala-ala ing liyan, lan ora ngarep-arep pawehing liyan, sebab kita yen ngaku umat, satriya iku kudu adil, kudu jakat (paweh) marang sapa bae kang lagi susah yen kita isih gagah kanti ora cacat aja pisan-pisan ngarep-arep dijakati (wenehi) pilih endi bisa paweh lan diwenehi dene kang tampa paweh iku ing batin rumangsa tanpa kanugrahan lan kebagusan.
Mula iku wajib percaya marang awake dewe kang bagus ati, ora was sumelang, ing batin ora rungsang-rungsang.

ngopi yuuk..!

Senin, 13 Desember 2010

DHOLIMIN


Wedjangan kanggo mangerteni marang kuwasaning Gusti.
Nyiptakake ukuming agomo Kedjawen
kang ono wolong perkoro,
kanggoning bongoso Djowo.
———————————-
1.
Kedjawen: among Gusti engkang moho kuwoso, nyiptakake kahuripan sarto ukume kahuripan kanggone bongoso Djowo. Kang uwes katulis deneng: Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo. Wekasaning Gusti: Tresnoho marang kahuripan siro, bandjor tresnoho marang sak podho – podhoning urep.
2.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso nyiptakake Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo kang diutos Gusti, ndjogo kahuripaning bongoso Djowo. Wekasaning Gusti: Ngelingono marang asal usol siro, odjo tumindak olo marang kahuripan siro. Semono ugo marang djalmo manungso.
3.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso ngutos Hosoropolo. Kanggo aringi pangelingan marang bongoso Djowo, supoyo biso mangerteni marang udjuting roso. Wekasaning Gusti: tumindakho kang djudjor marang roso siro. Awet roso kuwi tjahyoning Gusti kang moho sutji. Kang manggon ono ing rogo siro, odjo diregetake.
4.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Kang kuwoso nyiptakake sedulor papat. Supoyo bongoso Djowo biso mangerteni marang kuwasane, kang diparengake Gusti naliko iseh ing bumi sutji. Wekasaning Gusti: tumindakho kang betjek marang sedulor papat, kang asmone Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo.
5.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Supoyo bongoso Djowo biso nyirnakake sengkalane kahuripan, kang katon ugo kang ora katon, kang tekane soko setan. Ugo marang kasengsarane sukmo yen uwes bali marang kuwasaning Gusti. Wekasaning Gusti: tumindakho kang nastiti, marang. Sengkalane kahuripan. Supoyo yen siro bali ono ing ngarsaning Gusti, sukmo siro biso sempurno.
6.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso pareng dungo lan bohoso ngawi gaib, marang Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, supoyo bongoso Djowo, biso mangerteni marang kuwasane sedulor papat, lan biso tjedak marang Gusti. Wekasaning Gusti: tumindakho kang sabar yen kahuripan siro ing bebayan. Gunakake kadegdayan siro, bebayan opo wahe bakal sirno soko kahuripan siro.
7.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso pareng pangaksumo marang bongoso Djowo. Supoyo yen bongoso Djowo nduweni kesalahan, biso ngakoni, kesalahane marang kahuripane, lan nenuwon marang Gusti. Wekasaning Gusti: Tumindakho kang betjek, odjo nuruti angkoro murko, kang tekane soko setan. Awet kasengsaran kang teko kanggo kahuripaning siro. Kang bakal nyonggo, anak lan putu siro.
8.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso nyempurnakake sak isine rogo kang ono ing kahuripaning bongoso Djowo, bali sempurno marang kahananing Gusti, kang moho kuwoso. Wekasaning Gusti: Tumindakho kang sempurno marang udjuting kahuripan. Budi, roso, pikiran, lan angen – angen. Awet Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, kang bakal. mbarengi lan nyaksekake marang pisahe sukmo, lan rogo siro.
Wedjangan kanggo mangerteni marang kuwasaning Gusti.
Nyiptakake kahuripan kang ono ing djagat iki.
——————————————————-
1.
Sak durunge langet lan bumi ono kang manggoni. Gusti kang luweh disek nyiptakake isinelanget kang disebut: Mbulan, lintang, lan srengenge, kang dadi panunggune langet.
2.
Bandjor Gusti nyiptakake kahuripan kang disebut: Tetanduran, kang dadi panunggune, bumimulyo.
3.
Wedjangan kanggo mangerteni marang kuwasaning Gusti.
Nyiptakake kahuripan marang sedulor papat
—————————————————–
Sak uwise Gusti nyiptakake kahuripan kang dadi panunggune bumi mulyo, kang disebut tetanduran. Bandjor Gusti nyiptakake kahuripan kang tekane soko angin, kang disebut molekat, kang dadi utusaning Gusti. Ndjogo kahuripan kang ono ing djagat iki. Semono ugo asmoning molekat kang tjatjahe ono papat.
1. Nduweni asmo: Djoborolo.
2. Nduweni asmo: Mokoholo.
3. Nduweni asmo: Hosoropolo.
4. Nduweni asmo: Hodjorolo.
4.
Wedjangan kanggo mangerteni marang kuwasaning Gusti.
Nyiptakake bumi sentoso.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar